Senin, 24 Desember 2012

Teks Manual Acara Syawalan Versi Bahasa Jawa


Asslam. Wr. Wb

Alhamdulillah, monggo kito sedoyo ngaturaken raos syukur dumateng ngersanipun Gusti Allah SWT, ingkang sampun peparing rahmat, hidayah, lan kanikmatan, inggih puniko kawujud kesugengan lahir kalian batin, sahinggo ndalu meniko saged makempal wonten ing papan Balai RW sewidak tigo, sak perlu ngawontenaken adicoro syawalan.

Shalawat ugi salam mugi2 dipun paringaken dumateng nabi kito Muhammad SAW.

Bapak/ibu sederek ingkang kawulo hormati, syawalan RW sewidak tigo tahun meniko mendet tema “kanthi tetep njagi tali silaturrahim, kito uri2 kabudayan jawi”.

Salah satunggalipun bukti, ndalu meniko, kito ngagem boso jawi lan ageman nuansa jawi. Kalian sesarengan, kito sedoyo ingkang ngakeni wargo Ngayojokarto Hadiningrat, nderek bingah awit sampun kateteaken Undang2 Keistimewaan Yogyakarta.

Meniko panitia sampun nyiapaken surjan lurik kalian blangkon, mangke kagem sak sinten kemawon ingkang majeng nyaosi sambutan menawi kadapuk tugas sanes, kedah ngagem ageman meniko.
Nyuwun sewu menawi ukaranipun sakmangke mboten pas.

Bapak/ibu sederek ingkang kamulyan, langsungke mawon dalem waosaken urutan adicoro syawalan ndalu meniko: 

1.      Pambuko
2.      Waosan ayat suci Alquran
3.      Sambutan saking ketua panitia syawalan, dilajengaken sambutan saking apak ketua RW 63
4.      Jawat asto dilajengaken dhahar ndalu
5.      Sambutan sking kepal dusun
6.       Hikmah syaalan lan doa
7.       Ikrar syawalan
8.       Lomba lan doorprize
9.       Panutup

Poro rawuh ingkang kamulyan,
Sakmeniko njangkah adicoro sepindah injih meniko pambuko.
Monggo kito buko mawi doa miturut agami piyambak2, dipunsumangga’aken

Adicoro kaping kalih injih meniko waosan ayat suci Alquran. ingkang badhe maos ayat suci Alquran sedrek vika, lan ingkang nerjemah sederek vida, sumonggo..

Poro rawuh ingkang kawulo hormati,
Mekaten kolowau waosan ayat suci Alquran.
Matursuwun kagem sederek vika lan vida.

Dipunlajengaken adicoro kaping tigo, njih meniko sambutan2. Sambutan sepindah saking ketua panitia syawalan RW 63 tahun 2012, ingkang badhe pun selirani den baguse Vicky, sumonggo..

Matursuwun kagem sederek Viki.

Kito lajengaken sambutan ongko kalih injih meniko saking ketua RW 63.
Dumateng Bpk H.Mulyadi Adhisupo dipunsumanggaaken.

Matursuwun kagem Bp. Supo ingkang sampun kerso maringi sambutan.

Nyuwun pangapunten, kanthi pertimbangan praktisipun, adicoro kaping sekawan kito gantos jawat ast utawi halal bihalal, ingkang kito srengaken kalian dhahar ndalu..

Monggo kito sedoyo jumeneng, diwiwiti saking Bpk Wagiman ingkang nampi jawat asto saking Bpk Supo, dilajengaken bapak2 pengurus RT/RW lan nyambung sedoyo poro undangan.

(music akustik mulai dimainkan, diawali dg lagu2 rohani, dilanutkan bebas sambil mengiringi undangan santap makan malam)

(setelah selesai salaman)

Monggo menawi sedoyo sampun jawat asto, langsungke mawon kawulo aturi ngrahapi dhahar ndalu. Wedal sakcekapipun, amargi tasih kathah adicoro ingkang dereng kalempahan.

Dhaharan sampun cumepak wonten ing papan kuliner sisih kilen. Matursuwun.

(setengah jam kemudian)
Poro rawuh ingkang kawulo hormati, monggo sedoyo kemawon, kulo suwun pinarak malih..

Kito lajengaken adicoro kaping gangsal injih meniko sambutan saking kepala dusun, dumateng Bpk Wagiman, dipunsumanggaaken ..

Matur suwun dumateng Bpk Wagiman ingkang sampun kerso maringi sambutan.
Kawulo suwun poro rawuh kerso nglampahi adicoro meniko ngantos paripurno.

Kito terasaken adicoro ongko enem injih meniko hikmah syawalan lan doa, ingkang badhe dipunsampeaken Bp H. A, Zubaidi,
dumateng panjenenganipun kulo sumangggaaken kanthi wekdal sakcekapipun..

Matursuwun kagem Bp H.A. Zubaidi ingknang sampun maringi tambahan ilmu. Mugi2 saget migunani kagem kito sedoyo. Amin ..

Adicoro kaping pitu injih meniko ikrar syawalan. Dening sederek den bagus Aji, sumonggo..

Monggo kito lajengaken adicoro kaping wolu injih meniko lomba kalian doorprize. Sumonggo kagem Bpk Yayak kalian ibu Rofiq..

Bapak ibu sederek, sedoyo adicoro sampun kalempahan kanthi lancar adicoro ingkang oungkasan njih meniko panutup, monggo kito tutup mawi doa miturut agami piyambak2, sumonggo..

Kawulo adit lan rencang nita, ngaturaken sembah nuwun kagem poro rawuh sedoyo, ingkang sampun kerso ngrawuhi adicoro syawalan RW 63.

kito ingkang kapatah pranoto adicoro, mbuk bilih wonten kalepatanipun, nyuwun agunging pangapunten dumateng poro rawuh..

Wasslam. Wr. Wb

1 komentar: